Sore gemiyen panggonan Balai Desa Panggon Banyu agi akeh warga. Jebule agi ana cara penyuluhan bab musibah sekang Pemrentah Kabupaten Pager Laut Kidul.
Kang Wage: Pak, dadi seliane Pemerintah, dhewek warga ya perlu siap siaga nek
sewektu-wektu ana musibah
Pemrentah: Bener Sampeyan, Kang Wage. Dhewek sekabeane ya perlu jaga-jaga mbok-
mbok ana musibah.
Nanging ana sijine warga sing ora melu meng Kelurahan. Jenenge Mbekayu Rika sing umaeh nang pinggir kali iring wetan. Dheweken ora melu mergane nunggoni umaeh, bojone sing teka meng Kelurahan. Nanging senajen ora melu penyuluhan, Mbekayu Rika ora kalah pinter karo warga liyane.
Pas ana adzan sekang mesjid tengah nDesa, bojone Mbekayu Rika, ora nana liyane ya mung Kang Wage, tembe gutul ngumah sekang melu penyuluhan.
Kang Wage: Assalamu ‘alaikum…Mboke. Agi ngapa koh ora keton?
Mbekayu Rika: Ana apa Ramane? Koh kaya-kayane gugup temen. Ana apa jane ya?
Kang Wage: Kiye nyong ulih penyluhan bab kesiapsiagaan musibah sekang Pemrentah.
Jan sing diomongna padha bae kaya sing diomongna Kowe gemiyen.
Mbekayu Rika: Lah, gemiyen kepriwe, Ramane?
Kang Wage: Mbokan kowe tau melu penyuluhan bab musibah nang Kecamatan Pinggir
Kali Sewu. Kelingan ora jajal?
Mbekayu Rika: O…sing taun gemiyen kae. Iya mulane kaya dhewek aja nganti kelalen,
kudu siap siaga terus, dadine nek sewektu-wektu ana musibah dhewek
wis ora kangelan nggawa barang-barang. Duit, surat berharga, anggon-
anggon sing nempel nang awak, bangsa batere (senter, red), karo obat aja
nganti kelalen dilebokna tas sing maen tur aman, Ramane…
Kang Wage: Kewatir temen sih Rikane, Mboke. Pokoke Mboke percaya bae karo nyong,
nek nyong guwe bojo sing bisa diandelna…hahahaha…!
Mbekayu: Ya ya…ngandel. Padune njaluk dialem be… ora papa koh, Ma…ngalem awake
dhewek…hehehe…!
Isuke Kang Wage lan Mbekayu Rika sibuk ndandani umah.
Kang Wage: Lemari-lemari ya perlu dipasang nempel tembok sing aman, Mboke.
Mbekayu Rika: Barang-barang maen lan penting ya uwis tek amanna!
Terus banjur Awane wong loro guwe mlaku-mlaku nang sekitare umah sing isih akeh alase lan perbukitan. Keton maen alas lan perbukitan sing bentuke undak-undakan (terasering, red) kesorot srengenge. Nang wong kono alas lan perbukitan dijenengi alas Gung Liwang Liwung lan Perbukitan Sejumput Mawar, mergane nang kono ya akeh wit-witan kembang Mawar.
Kang Wage: Maksude digawe talud, terasering ya nggo jaga-jaga nek mbok-mbok lemah
sing nang dhuwur ambrol.
Mbekayu Rika: Ana alat pemantau kedadeyan darurat, bisa muni kaya sirine ya, Ma?
Mbengine Kang Wage lan Mbekayu Rika diundang meng kantor pengawas Alat Pemantau Kedadeyan Darurat (APKD). Kantor kiye alamet nang Kecamatan Pinggir Kali Sewu. Nang kantor wong loror guwe ketemu karo Mas Pakto, penjaga kantor tur ngrangkep pemandu (guide) kanto mbarang.
Komputer: Mangga mlebu bae aja isin-isin Kang Wage lan Mbekayu Rika. Nyong lan
komputer liyane tugase ya ngawasi musibah.
Kang Wage: Lah…ana suara tapi koh ora nana wonge. Kiye suara apa, Mboke?
Mbekayu Rika: Aja wedi Ramane! Wong mung suara komputer koh…
Mas Pakto: Bener Sampeyan, Mbekayu.
Kang Wage: Wah…deneng pinter temen ya…
Mbekayu Rika: Tapi ngomong-ngomong kapan anane kedadeyan musibah, Mas?
Mas Pakto: Hahaha….dhewek ya ora ngerti. Sing ngerti temenan ya mung Gusti
MahaKuasa, ora nana liyane, Mbekayu. Seliyane alat kiye, Pemrentah ya
uwis nggawe panggonan dienggo ngungsi: Bangsal Pengungsian nang
Desane Sampeyan kae, Kang.
Terus isuke Kang Wage lan Mbekayu Rika dibatiri Kang Oerip lan Mbah Sumo tilik meng Bangsal Pengungsian.
Mbekayu Rika: Maen temen ya, Ma…karo umaeh dhewek be isih maen gedung kiye.
Kang Wage: Wong sing nggawe Pemrentah ya maen. Nek ana musibah dhewek
ngungsine meng ngeneh, aman koh! Nang njerone ya ana sarana logistik.
Pokoke maen tur lengkap.
Kang oerip lan Mbah Sumo: Iya..ya…
Diadaptasi sekang Majalah Titen: Menuju Masyarakat Sadar Bencana Edisi No. 13/2008. www.ttnrr.org/titen