Maring laut yuh, kang!

Kaya kuwe nek wong Kroya lan sekitare nek aseng batire meng laut kidul.

Laut kidul dienggo jenengan pantai nang wong Kroya kene.

Alame pantai kuwe nang kecamatan Binangun, kabupaten Cilacap.

Nek diitung sekang setapsiun Kroya, ya ana sekitare 10 kilometer.

Araeh mengidul, aja kelalen Kakang lan Mbekayu!

Cepet bae nek agep padha menganah mumpung rame agi akeh sing teka!

Laut (pantai) Widara Payung adoeh sekang Baturraden ya ana sekitare 60 km.

Nek Rikane padha numpak montor apa mobil ya sekitare 45 menit wis bisa gutul kana.

Rutene ana loro:

1) Baturraden-Unsoed Puraketa (Purwokerto)-Alun-alun Puraketa-Patikraja-Bendung Gerak Serayu-Sampang-Gentasari-Kroya-Binangun-Widara Payung.

2) Baturraden-Unsoed Puraketa (Purwokerto)-Universitas Muh. Puraketa (UMP)-RS Margono-Sokaraja-Banyumas-Buntu-Kroya-Binangun-Widara Payung.

Manut Rikane Kakang lan Mbekayu agep liwat sing endi, sing penting gutul laut slamet ya…!

hehehhe….